Khutbah Jumat 23 Agustus 2024 dalam Bahasa Jawa: Pentinge Tawakal lan Macem-macem

photo author
- Kamis, 22 Agustus 2024 | 21:39 WIB
Khutbah Jumat 23 Agustus 2024 dalam Bahasa Jawa: Pentinge Tawakal lan Macem-macem
Khutbah Jumat 23 Agustus 2024 dalam Bahasa Jawa: Pentinge Tawakal lan Macem-macem

realitasonline.id - Bagi setiap hamba allah pasti ingin setiap hal yang ia kerjakan berakhir dengan berhasil dan sukses. Hanya saja, manusia hanya bisa berencana, sedangkan yang Maha Kuasa lah penentunya.

Oleh karena itu, penting bagi kita untuk memiliki rasa tawakal, memasrahkan segala sesuatu hanya kepada Allah. Tentu, tawakal ini tidak bisa hadir begitu saja, tetapi perlu kita latih. Sebab tawakal juga ada tingkatannya.

Teks khutbah Jumat berikut ini berjudul “Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Pentinge Tawakal lan Macem-macem Tingkatane."

Khutbah I

الحَمْدُ للهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ. أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: وَلِلّٰهِ غَيْبُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَاِلَيْهِ يُرْجَعُ الْاَمْرُ كُلُّهٗ فَاعْبُدْهُ وَتَوَكَّلْ عَلَيْهِۗ وَمَا رَبُّكَ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَࣖ A

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Sedaya puji namung kagunganipun Gusti Allah swt, Dzat ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun nyiptaake langit lan bumi sak isine. Kanthi sedaya nikmatipun, mangga kita syukuri kelawan gunaake nikmat punika ing dalem kesahenan.

Mboten kesupen, manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet dados tiyang-tiyang ingkang angsal ridha saking Gusti Allah ta’ala. Dawuhipun Allah ta'ala:

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ

Artosipun: "Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (QS Al Baqarah: 197).

Para jamaah ingkang minulya ad Ing sakwajining dina, Kanjeng Nabi Muhammad saw lan para sahabat, badhe nindaaken shalat Ashar. Lajeng wonten tiyang ingkang nitih unta, badhe ndherek shalat.

Tiyang wau mboten nyancang untane, banjur badhe langsung ndherek shalat. Baca Juga Tawakal dan Tiga Hikmahnya Ningali kedadosan mekaten, Kanjeng Nabi lajeng nangletake, punapa untane diculke lan mboten dicancang? Lajeng tiyange wau jawab: kula tawakkal marang Allah, menawi Allah sampun nakdirke untaku ilang, senajan dicancang, mesti bakal tetep ilang.

Lan kosok wangsule, menawi Allah mboten nakdirke untaku ilang, senajan diculke, mesti bakal ora ilang. Lajeng Kanjeng Nabi saw paring pangandikan: اِعْقِلْهَا وَتَوَكَّلْ Artosipun: "Cancanga (untamu), banjur tawakal sliramu," (HR Imam Tirmidzi)

Para jamaah ingkang minulya Saking kisah punika, Kanjeng Nabi Muhammad saw, sampun maringi tuladha supados kita tawakal marang Allah ta'ala. Ing dalem gesang kita wonten ing dunya, kita dipun perintah supados tawakal. Tawakal menika tegese pasrah marang Gusti Allah Subhanahu wa ta'ala.

Nanging kudu dielingi, yen tawakal iku kudu ba'dal ikhtiar, tegese pasrah iku kudu saksampune ikhtiar. Kados dene, wonten ing kisah kala wau.

Bilih Kanjeng Nabi mrentah supaya nyencang unta, menika dados usaha, supados unta menika mboten ucul. Banjur Nabi prentah tawakal, masrahake usaha menika marang Gusti.

Halaman:
Dilarang mengambil dan/atau menayangkan ulang sebagian atau keseluruhan artikel
di atas untuk konten akun media sosial komersil tanpa seizin redaksi.

Editor: Cut Yuli

Tags

Artikel Terkait

Rekomendasi

Terkini

ATR/BPN Permudah Masyarakat Cek PPAT Digital

Jumat, 19 Desember 2025 | 19:17 WIB
X