Ugi, menawi wonten tiyang ingkang nandur, mestinipun kudu nandur riyin lajeng dipun usahake supados tandurane kasil sahe. Menawi kita sampun usaha nandur, kita kedahpasrah marang Gusti kang Maha Kuwaos. Dhawuhipun Gusti Allah swt:
وَلِلّٰهِ غَيْبُ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَاِلَيْهِ يُرْجَعُ الْاَمْرُ كُلُّهٗ فَاعْبُدْهُ وَتَوَكَّلْ عَلَيْهِۗ وَمَا رَبُّكَ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُوْنَࣖ
Artosipun: "Perkara kang samar-samar ana ing langit lan bumi, iku namung kagungane Allah ta'ala piyambak. Lan marang Allah Ta'ala, sekabehane perkara iku bakal dibalekake. Mula sira (Muhammad) nyembaha lan pasraha marang Allah Ta'ala. Pengeranmu ora bakal lali saking samu barang sira kang padha sira lakoni," (QS Hud ayat 123)
Para jamaah ingkang mugi-mugi dipun rahmati Allah
Wonten ing kitab Durarul Bayan fi Tarjamati Syu'abil Iman, Kiai Haji Bisri Mustofa saking Rembang nerangake tingkatane tawakal, ingkang dipun bagi ing tiga tingkatan.
Tingkat pertama, inggih punika pasrahe kawula marang Allah ta'ala, kaya pasrahe wong marang wakile kang kena dipercaya. Tingkat kaping kalih, yaiku pasrahe kawula marang Allah ta'ala nganti kaya tingkahe bocah cilik marang ibune.
Bocah cilik iku, persasat ora kenal kejaba ibune. Ora tetanggenan kejaba marang ibune. Yen weruh ibune, anggondeli. Yen nuju lara, sing disambati ya ibune.
Lajeng tingkatan tawakal ingkang angka ketiga, iku pasrahe kawula marang Pengeran, kanthi pasrah bongkokan. Kaya dene mayit ana ing tangane wong kang ngedusi, ora bisa miring yen ora diiringake karo wong kang ngedusi.
Ora bisa obah, yen ora diobahake karo wong kang ngedusi. Para jamaah ingkang minulya Kajaba wonten tingkatanipun, tawakal ugi kedah tansah kita sartani ing dalem kita ngamal utawi nglampahi pekerjaan.
Mulai saking kita ngawiti utawi niat, lajeng nalika nglampahi, lan sakwise nglampahi.
Dhawuhipun Gusti Allah: فَاِذَا عَزَمْتَ فَتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِۗ اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُتَوَكِّلِيْنَ
Artosipun: "Nalikane neja sira, mangka pasraha sira ingatase Allah. Saktemene Gusti Allah iku demen marang wong kang padha pasrah kabeh (tawakal)," (QS Ali 'imran ayat 159)
Kanthi raos tawakal punika, supados mangke menawi kita ngamal utawi nglampahi pekerjaan, tur kita sampun rumaos usaha kanthi maksimal, nanging kok hasile mboten sami kalian ingkang kita karepake, menika lah tawakal. Kita sumelehake sedaya marang Gusti.
Insyallah, tawakal menika saget ndadosaken ati lan pikiran kita padhang, mboten stress sebab kabotan pikiran.
Mugi-mugi kita sedaya pinaringan gesang ingkang dipun ridhani Gusti. Ugi benjang dipun pejahake kanthi keadaan ingkang sahe. Amin ya Rabbal Alamin.
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلّٰهِ وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ ثُمَّ الْحَمْدُ لِلّٰهِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ القِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يٰأَ يُّها الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ .اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلَاءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلَازِلَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali